Sabtu, 28 Februari 2015

Contoh teks Pidato Bhs.Jawa tentang Bahaya Narkoba

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak guru bahasa jawa lan rencang-rencang kula ingkang kula tresnani.
     Saderengipun sumonggo kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang taksih maringi kawilujengan dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal malih wonten kesempatan niki, sholawat saha salam mugi konjuk wonten ngarsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbekta kita sedaya wonten jaman ingkang terang benderang 

      Kepareng wonten ing kesempatan niki, kula bade ngaturaken babakan Narkoba. Saderengipun kita sedaya sami sampun ngertosi ingkang namine narkoba nggih? Mboten tiyang enem, mboten sepuh sampun mangertosi narkoba amargi sering diberitakaken wonten tv. Narkoba niku obat ingkang saged mbahayaken sanget lan saged nyebabaken tumindak pengonsumsine melenceng saking kasusilan lan saged mlebetaken marang penjara. Tiyang ingkang ngonsumsi narkoba niku saged ical kesadaran lan tumindak anarkis, kadosipun : mbegal, mejahi tiyang, lan sanes-sanesipun,. Ingkang luwih mbahayanipun malih narkoba niku saged nyebabaken pengonsumsine kecanduan, menawi kecanduanne sampun berat saged nyebabaken pengonsumsine niku pejah utawi ninggal.  Tiyang ingkang ngonsumsi narkoba niku saged sinten mawon, mboten pejabat, mboten artis, mboten sugih, mboten miskin. 

      Pramila kanti mekaten, mangga kita sareng-sareng nebihi narkoba. Upaya-upaya ingkang saged dipun tindaake inggih menika :
1.     Ningkataken keimanan dumateng Alloh SWT
2.     Ninggalaken utawi nebihi kebiasan supados ngrokok
3.     Ati-ati menawi milih kanca
4.     Ningkataken kegiatan ingkang positif kangge ngisi waktu luang
5.     Pemerintah kedah damel aturan lan sanksi hukuman ingkang saged damel efek jera 
      
      Langkung para generasi muda kedah berjuang saha merangi narkoba ampun ngantos kepincut barang ingkang haram menika amargi kita sedaya bade dados harapan bangsa wonten ing masa depan
      Sakiranipun mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi saged ndadosaken manfaaat lan pepenget tumrap kita sedaya lan bilih menawi kula matur wonten katah kekuranganipun, kula nyuwun agunging pangampunten .
Wassalamualaikum Wr. Wb.    

31 komentar:

  1. Terima kasih, ini sangat membantu:)

    BalasHapus
  2. Terima kasih ya, Contoh teks pidato ini sangat membantu kami untuk melakukan perbuatan yang positif.

    BalasHapus
  3. Thanks brainly you id the best

    BalasHapus
  4. Sering sering bikin pidato sperti ini yaa maksih sangat membantuu

    BalasHapus
  5. Yang komen di feb pasti buat uprak wkwk,semangat ya!

    BalasHapus
  6. Matur suwun Mas, niki sangat bermanfaat 😊😊

    BalasHapus